Adicara ing dina kapisan kanthi maca donga nganggo basa
B. Daerah
chihir7227
Pertanyaan
Adicara ing dina kapisan kanthi maca donga nganggo basa
1 Jawaban
-
1. Jawaban firda454
CECAWIS SANGU-SANGUNING PRANATACARA
1. Sangu Pokok
a. Oleh Swara
Swara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung, membat mentul, kepenak dirungokake.
Ø Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa
Ø Ucapan; tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp.
Ø Lagu (wirama)
Nyakup sora-lirih, panjang-cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.
Lagu tumrape basa Jawa dirani dekung
b. Olah Basa lan Sastra
Ulah Basa lan Sastra
Basa kang digunakake pranatacara: bener, pener, becik, endah, lan
gampang ditampa. Basa kang becik yaiku basa kang trep panganggone.
Supaya trep kudu ngeling:
Ø Sapa sing guneman
Ø Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens
Ø Sapa /apa sing digunem
Ø Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)
Dene kawruh kasusastran nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan,
parikan, tembang, purwakanthi Pewayangan, kawruh
karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.
2. Sangu Tambahan
a. Olah Busana
Pranatacara kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat,
laras karo kahanan, rapi, lan tumata panatane.
b. Olah Raga : Prinsip Sapta-Ma
Ø MAGATRA , Bleger wewujudan, rupa, adi ing sarira, edi ing busana; trep, pantes, luwes, jangkep.
Ø MALAKSANA, Tindak sapecak, sajangkah ditata runtut, luwes mrabawa; manteb; ora ingah-ingih, ora wigah-wigih.
Ø MAWASTHA, Ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, sikil kiwa-tengen ora kekamban utawa keciyuten
Ø MARAGA, Ora rongeh, ora edheg, ora gumeter, anteb anteng, obahing awak, sirah, gulu lumrah samadya, obah-owahing pasemon (raut muka) nggambarake ati.
Ø MALAGHAWA, Trampil trengginas, ora remben, ngleler, ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancer, gancar, sembada ing karya.
Ø MATANGGAP, Tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita.
Ø MAWWAT, tanggap, tangguh, tanggon prapteng ngendon; mrantasi lan ngentasi gawe saka wiwitananing acara nganti pungkasan.
3. Sangu Penyengkuyung
a. Mental : amrih mentale kandel kudu akeh gladhen, biasa ngadhepi wong akeh (forum), siap materi
b. Sekolah, kursus, maca buku bab pranata adicara
c. Gladhen : pranatacara kudu sregep gladhen micara murih wegig, besus micara
d. Pangrengga swara (sound system) : MC kudu sesambungan karo pangrengga swara bab tata papan, urutan gendhing, sasmita gendhing, lsp.
e. Kasamaptaan (sumadhiya ing dhiri sawega ing gati) : Pranatacara kudu siap sawanci-wanci ditimbali dening pawongan kang ngersakake murih ora nguciwani, samapta ing raga, busana, basa an wicara.
f. Mitra tembayatan (relasi) : kayata perias, Wedding Orgnyzer, catering, fotografer, lsp